Welinge Wong Tua nggo Wong Banyumas – Nek arep nguyuh aja karo agi kebelet ngising !


Gyeh sedulur, nyong arep weling nggo rika kabeh. Ya ora patia penting, tapi nek ora ditaati jan akibate ora baen-baen koh. Nyong tes ngalami dewek wingi dong pas agi nguyuh nang wese, ayaya semaput koh…

Kepengin ngerti kepriwe ceritane ? yuh disimak bareng-bareng !
Oh iya, sing urung madang aja maca cerita kie ya … mbok ngko mukok-mukok … Ya terserah para pembaca nek ngarani kie postingan jorok, tapi jan anu kedadean temenan koh … pangapurane baen ya nek mandan saru … yaa anggep baen rejekine sampean maca tulisan kie, ulih imajinasi sing jan nggilani … :mrgreen:

Jan-jane nek kemutan kedadean kie nyong ya arep ngguyu, tapi nek kemutan sengsarane jan ketone nyong kaya wong goblok pisan koh.

Wektu kue hari kerja, ya biasa lah nek arep mangkat kerja nang ngumah sarapan disit (digawekna nang winieh bocah-bocah). Gara-garane tangi mandan kawanen dari nyong ora sempet melakukan aktivitas rutin amben esuk yakue ngising.

Nha pas nang tempat kerjaan, wetenge mandan ora kepenak, tapi ora kebelet banget. Niate ngising ngko nek wis kebelet baen. Tapi mbuh kepriwe ceritane, kie malah dadi kebelet banget nguyuh. Ya wis akhire nyong meng wese, niate arep nguyuh tok, ora karo ngising.

Mbarang wis gutul wese, nyong langsung mlorotna katok trus ndodok nang closet, tapi wong anu ora arep ngising nyong gole ndodok nang closet kue madep mburi, dadi uyueh langsung meng bolongan.

Jan babar pisan ora nyana, pas agi pertengahan nguyuh karo ndodok, malahan koh taine metu kang silit, padahal anu agi ora kebelet ngising. Mandan encer pisan, sing hasile kue taine ora tiba nang closet tapi nang ngarep closet. Jaaan,,, kepriwe kie … Bar kue nguyueh wis rampung tapi gole taine metu malah urung rampung, trus nyong stress dewek, soale taine ngumbuk nang ngisor silit. jaan ambunee….

Lha mbuh ide kang ngendi, nyong gole ngising posisi kaya kue ora njur mbalik madep ngarep men taine gole tiba meng bolongan closet, malah tek terusna ngonti wetenge lega. Nyong wis ora peduli mbuh wis kaya ngapa petutukan taie nyong sing ora mlebu closet.

Trus bar rampung gole ngising, gari arep cewok, tapi ya kue anu mergane gole ngising posisine ora mbener, trus anu mung katoke di plorodna tok, gole cewok ya mandan kangelen. Akhire nyong kudu ngubah posisi men banyu cewokane mlebu meng closet. Bisa sih jane langsung cewok, tapi ngko banyu cewokane nyiram tai malah ngko taine dlawahan ora karuan gebeki wese. Duhh… nasib …

Nhaa barang muter balik, nyong jan ora nyana, taine nyong jebule akeh pisan, metutuk gede banget … jan persis pisan tlepong sapi sepetutuk, mung beda warna tok. Howweeeekkksss…..

Wis akhire nyog cewok karo nyanding tai. Nah masalaeh ora rampung nang kono tok, nek arep nyiramna banyu nggo cewek, cantuke mandan keganggu karo tai sing petutukane mandan duwur. Akhire nyong gole cewok mandan njinjit.

Oke sedulur, siki wis cewok, wis wawik… Lho bedane cewok karo wawik sih apa ?
Nek menurute inyong, cewok kue nggo mbersihi kopet, nek wawik kue nggo mbersihi nek tes nguyuh…

Siki masalahe urung rampung, yakue kepriwe carane mbuang tai sing ambune ora ilok men ora metuthuk nang njero wese. Apa enggane arep tek comoti karo tangan trus tek lebokna meng closet yah ? ketone koh doraka pisan lho … Jane nyong bisa baen langsung metu wese, ngko nek kanca-kanca kerja pada geger ana tai methutuk nang wese ya nyong kan bisa pura-pura ora ngerti. Hi hi hi …

Tapi kan nek kaya kue nyong jenengane ora tanggung jawab. Ya wis, siki nyong gari bingung kepriwe carane ngelbokna tapi sepetutukan kuwe meng closet. Karo tangan ora mungkin, karo cantuk orang mungkin. Akhire nyong ngileng-ileng nang njero wese, jan ora ana apa-apa mung papan cilik sing ana tulisane “Jangan buang pembalut ke lubang closet” sing ukurang sekitarn 20×40 cm, tipis ya kurang lewieh 3 mili, bahane sekang plastik bening.

Nek nyong mbatin sing masang kie ya wong goblok banget lho, soale kie kan wesene wong lanang, ora mungkin ana pembalut di enggo nang kene, apa ana kancane lanang enyong sing cokan mens yah ? jan ketone koh ora mungkin …

Dengan sekuat tenaga, papan cilik kue tek copot, Untunge ora susah banget soale mung dielim tok, ora nganti di pasangi mur. Nhaa karo papan plastik kue nyong nyeroki tai tek lobokna meng bolongan closet. Jan ayayaa semaput koh, nek tai diudal-udal kan ambune juga mudal… tapi tek tahan-tahana baen lah, lha wong kue taine dewek ikih …

Hi hi hi … gari cuci tangan, nyiramin tai men bersih. Wis rampung gari metu wese…. lega rasane …

Alalalllallaaaaa jebule ket meu nyong gole mlebu wese, lawange anu ora ditutup rapet, berarti nek ana wong ngintip kang njaba ya genah banget yah …. wah jan  cilaka kie nek ana sing ngerti … bisa dadi isu nasional…. ngko beritane wong sengalim nyong seneng dolalan tai nang kamar mandi … jan nek kedadean temenan ora bermutu banget ngko gosipe ….

—— nhaa kaya kue ceritane ——-

Dadi welinge nyong, nek arep nguyuh ya aja maning-maning karo kebelet ngising, mbok kedadean kaya nyong utawa mbok pecirit !

34 pemikiran pada “Welinge Wong Tua nggo Wong Banyumas – Nek arep nguyuh aja karo agi kebelet ngising !

  1. ngakak guling2 yakin mas gole maca…. :))
    jane meh pada karo nyong,bedane nyong udu ee tapi muntah…
    ora sengaja tangi turu (nang umaeh kancane) pengin muntah, lha mlayu maring kamar mandi muntah nang wastafel.jebule wastafele rapet,ora bisa dicopot kae sing go mlaku banyu.tak guyur banyu dadi mampet wastafele,ambune ora ilok pisan.yawis karo terpaksa tak seroki ngambi TANGAN tak buang nang kloset.jaaannnn,,nggilani bgt mambune yakin……

  2. Ping-balik: Bawang Brojol, Semanger Pisan Ari Mangsan Rendheng « Banyumasan Wordpress

  3. Sremet

    Rika wong ngendi si,ya lumayan lucu,inyong nganti nguyune ngakak dewekan kyeh karo maca postinganmu,inyong cah karanglewas,jan penjorangan men wis lutrak,taine trigan metu tanpa di komando

  4. Jhoni Suminta

    Kepengin gemuyu ….. tapi kok ngisin2na temen ya…..
    lha aku wing namu meng sewijining kantor…….
    Kepengin nguyuh…. mlebu kamar mandi….
    Neng nduwur kloset ana tulisane ” Tidak Boleh Membuat Benda apapun ke dalam closed ”
    Lha bareng maca ya aku bingung aku arep nguyuh ( mbuang banyu uyuh ) neng ndi????

  5. Vherii AnggeAngge MencenganSlalu

    Cocotehhh….busung kaku ngodol kie lah…
    Arep ngguyu seru2 rikuh anu wis wengi,,di tahan2 ya ngko malah melu metu kaya rika….

  6. wuahaaahakakkakkkkkk…. anu kapicirit bae koh goli crita jan..dramatis banget…

    asli ngakak, lur..!!
    salam kenal kanggo batir2 kabeh sing pada komen ..

Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.